Siuk Bambam dan Siuk Bimbim dalam Bahasa Jawa
Guys, kali ini saya akan post sebuah cerita rakyat namun dalam Bahasa Jawa. Cerita ini berasal dari Kalimantan. Yah langsung aja kita lihat. Cekidot
Dhek jaman biyen ana bocah loro adhik kakak .
Sing gedhe jenenge Siuk Bambam nanging adiknya jenenge Siuk Bimbim. Bocah loro
iki yaiku bocah-bocah sing yatim piatu. Bapake seda nalika Siuk Bambam umure
enam tahun. Nalika iku adike isih ana njero kandutan ibune. Ibune seda nalika
Siuk Bimbim umur telung taun.
Saiki Siuk Bambam umure sepuluh taun kudu tanggung jawab
marang adhine sing isih cilik. Dheweke nyambut gawe karo momong adhine sing
isih cilik iku. Menyang endi wae adhine mesthi digowo. Dheweke kudu isa dadi
bapak, kangmas, uga ibu kanggo adhine.
Nalika Siuk Bambam nang sawah, adhike diajak, digaweake
omah-omahan karo dolanan kanggo nuroake adhine. Siuk Bambam ngelakoni
penggaweyan iki nganthi taun-taunan. Saiki adhine wis bisa mlaku lan dolanan
dhewe. Siuk Bambam tambah sayang karo adhine. Dhewekw ora wani ninggalake
adhine dewekan. Dheweke isih tetep ngajak adhine menyang endi wae. Siuk Bambam
mulai nguruki adhine kanggo nggunaake senjata sumpit kanggo berburu kewan. Siuk
Bambam seneng amarga adhine cepet nangkep kabeh pelajaran sing diwenehake nang
adhine utamane bab nyumpit. Adhike pinter migunaake perkakas kuwi. Mulane,
dheweke sering ngajak adhine berburu ning alas.
Ing sawijining dina, esuk-esuk bocah loro kuwi budhal
menyang alas. Nalika awan, loro-lorone teka ing omah meneh. “ Mas.. aku luwe
lan kesel banget”.
“Kowe ngaso wae dik.” Ujar Siuk Bambam
Siuk Bimbim banjur turu amrga luwe banget lan kesel.
Siuk Bambam ngususi beras kanggo dimasak. Nanging genine ora
bisa murup. Genine wis mati, biasane sawise masak genine kuwi ditutup karo awu
supaya urip terus. Siuk Bambang bingung wektu pemantik geni sing biasane
digunaake kanggo nggawe geni ilang. Suwe digoleki ora ketemu.
Saiki dhweke kudu lunga menyang kampung. Nanging, dheweke
mikirake adhine.
Arep digawa, Siuk Bimbim wis kadung kesel lan luwe. Nek ditinggal, mbutuhake wektu loro utawa telung jam nganthi mulih maneh.
Arep digawa, Siuk Bimbim wis kadung kesel lan luwe. Nek ditinggal, mbutuhake wektu loro utawa telung jam nganthi mulih maneh.
Dheweke nangiake Siuk Bimbim. Bocah loro mau rembugan. Pungkasane
Siuk Bimbim gelem ditinggal dhewekan sawetara Siuk Bambam lunga menyang
kampong. Sadurunge lunga, dheweke pesen ning adhine menawa ora oleh metu saka
omah nganthi dheweke mulih. Siuk Bambam janji marang adhine enggal mulih
cepet-cepet.
Sasuwene ditinggal Siuk Bambam, adhine keturon. Dheweke
tangi amarga wetenge krasa luwe. Dheweke nangis karo nyeluki jengenge kang
mase.
“O…. Kangmasku Siuk Bambam. Marang burung dia tara tinu,
kembang behas dia tara rapi.”
Artine : Dheweke nyeluki kangmase Siuk Bambam. Dheweke
ngujar menawa manuk buruane wis bosok lan ora iso dibakar. Beras sing direndem
kanggo dimasak wis ajur ora isa dimasak meneh “ bola-bali deweke nyeluki
kangmase. Nalika kuwi, ana sawijining anak rakseksa lagi liwat. “ Wah” ujare.
“Krungu-krungu ana swarane wong. Saiki aku bejo. Wis saminggu aku ora mangan
opo-opo.Wetengku luwe banget.”Dheweke marani suwara kuwi. Ora let suwe,
suwarane Siuk Bimbim krungu meneh.
Anak raseksa iku nyahuti, ”Bakmmm….” Karepe supaya wong sing
nyeluk iku swarane mau sahutane wong sing diceluk. Siuk Bimbim sing ngira
swarane kangmase sing nyahuti, dheweke banjur buka lawang. Langsung wae anak
raseksa iku ngrawuk lan mangan nganthi entek adhine Siuk Bambam kuwi.
Sawise oleh geni, Siuk Bambam banjur mulih
Dheweke mlaku saya cepet. Dheweke wis mbayangake adhine turu
amarga keluwen.
Saka adoh, Siuk Bambam nyeluki adhine nanging ora disahuti.
Bola-bali dheweke nyeluki nanging ora ono sahutan, Siuk Bambam melbu menyang
omah.
Nanging adhine ora ono. Tenggorokane krasa garing nyeluki
adhine. Nanging swarane dhewe sing krungu. Dheweke ndeleng kahanan ing omahne.
Mripate ora kedip nalika ndeleng ngisor. Ana setitik getih ing kunu. Getih
kuwih didhelengi maneh. Ora adoh saka kunu, ana rambut.
“Ojo-ojo… iki getih lan rambute adhiku…”Siuk Bambam mbatin.
“Adhiku… ! Siuk Bimbim…”Siuk Bambam mbengok sakayane.
Nanging adhine mesthi wae ora nyahuti dening dipangan raseksa.
Suwe-suwe serak lan swarane entek. Dheweke pungkasane
ngerteni. Siuk Bambam suwe suwe kelingan menawa adhine wis mati.
“Bener… getih lan rambut iki… mesthi dhuwe ahiku sapa sing
wis mateni ahiku ?”
Siuk Bambam kelingan critane almarhum bapake menawa ing
Bukit Kaminting ing jajaran bukit raya ana sawijining telaga. Ing kana, ana
banyu panguripan, banyu ajaib sing dijenengake Danum Kaharing Belom. Telaga iku
panggonane ing pucuk Kali Kahayan wKali Barito. Jarene banyu panguripan iku
bisa nguripake bangkai utawa sisa-sisa bangkai.
“ Aku arep nggolek banyu panguripan iku kanggo awakmu,
adhiku…”Siuk Bambam ngomong ing awake dhewe.
Banjur dhweke ngadek. Siuk Bambam mlayu menyang Bukit Raya.
Dheweke mlayu lan mlayu terus. Awan bengi tanpa mandheg, ora merduliake wetenge
sing luwe lan terggorokane sing ngelak. Nyawane adhine luwih penting saka
apa-apa.
Sawijining dina, sawise dheweke pancen kesel, dheweke rubuh
ing pinggir telaga. Ing cedhak telaga kuwi ana wit ringin sing ngadek kokoh lan
gedhe.
Banyu telaga kuwi katon bening kaya kaca. Mripate Siuk
Bambam ulap nalika ndheleng banyu telaga sing manthulake sinar srengenge.
Kesel, luwe, lan ngelak nggawe Siuk Bambam berjuang, dheweke ora sanggup
ngadek, bisane mung mbrangkang lan mrambat nyedhaki pinggire telaga. Abot tenan
usahane iki. Meh wae Siuk Bambam ora bisa ngobahake awake maneh, nanging
nganggo sisa-sisa tenagane dheweke isa tekan pinggire telaga kuwi lan nyelupake
tangane ing jero banyu. Aneh, sawise tangane nyelupake tangane ing jero banyu,
sanalika tenagane mbalik pulih. Siuk Bambam banjur bisa ngadek lan mlaku.
Langsung wae Siuk Bambam ngombe nayu telaga iku saakeh-akehe. Saiki rasa ngelak
lan luwe wis ilang.
“Iki mesthi Danum Kaharing Belong… “ jare Siuk Bambam lega.
Dheweke mikir “ Piye carane nggawa banyu iki nang omah ?” akhire
Siuk Bambam duwe cara. Dicopot udeng-udeng ing sirahe. Banjur dicelupake ing
jero telaga. Sawise banyu nresep, udeng-udeng mau digulung banjur dheweke lari
kaya kebo ketaton ninggalake panggonan kuwi. Mesthine mlakune isa pirang-pirang
dina, nanging saiki bisa kelakon mung setengah dina wae.
Siuk Bambam tekan ngomah. Dheweke nggoleki getih, rambut,
lan bathok sirahe adhine. Banjur ditetesi kanggo banyu panguripan.
“ Dewa… kula nyuwun tulung”ujar Siuk Bambam bola-bali.
Alon-alon getih lan rambut kuwi mbentuk awake manungsa. Siuk
Bambam mlongo lan meh ora kedip ndeleng keajaiban kuwi.
Sawetara menit, ujug-ujug ngadeg Siuk Bimbim ing ngarepe
Kangmase-Siuk Bambam. Siuk Bambam banjur ngrangkul adhine. Bocah loro mau
tangis tangisan.
“Adhiku… opo satemene kedadiane ?”Siuk Bambam takon marang
adhine
Siuk Bimbim banjur nyritaake kedadean sing maraake matine
awake kuwi.
“Mesaake kowe adhiku, saiki ayo masak kowe mesthi wis luwe.”
Adhine manthuk. SAwise masak lan mangan ngathi wareg, bocah
loro kuwi nggolek cara kanggo ngadepi raseksa kejem kuwi
“Sesuk isuk, kowe ethok-ethok keluwen lan celuk-celuk
jenengku kaya wingi”
“Kepriye yen anak raseksa kuwi teka?”Siuk Bimbim takon
“Ojo Kuatir, aku arep ndelik ing nduwur loteng karo nggawa
sumpitan lan Mandau.”
Wengi kuwi bocah loro mau ngaso. Sesuk isuk rencana iku
dilakoni. Siuk Bimbim turu ing dhuwur klasa karo celuk-celuk kangmase.
“O…. Kangmasku Siuk Bambam. Marang burung dia tara tinu,
kembang behas dia tara rapi.”
Sawise dibaleni, anak raseksa kuwi iku teka. Dheweke uga
nyahuti kaya wingi ”Bak…mmm….”
Saya suwe swarane anak raseksa iku saya cedhak. Siuk Bambam
nyiapake sumpitane kanggo bibidik pas ing lawang.
Nalika lawange dibuka lan katon awake anake raseksa, banjur
Siuk Bambam nyebhulake sumpite. Anak raseksa kuwi njerit banter. Dheweke arep
mblayu mbalik menyang pekarangan omah. Nanging racun ing jerone sumpit mau
malah ngracuni awake banjur rubuh. Siuk Bambam mudhun saka loteng lan nancepake
Mandau menyang gulune anak raseksa kuwi.
Sa’nalika anak raseksa kuwi mati. Siuk Bambam rangkulan karo
Siuk Bimbim amarga wis slamet saka bebaya. Sa’banjure kuwi, bocah loro kuwi
nguburake anak raseksa kuwi ing pekarangan omah. Saiki ora ono meneh wong sing
arep nggangu bocah loro mau.
Sekian
tips dari saya yang agak alay, kalo lebih ucap syukur, kalo kurang ketik di
Comment.
Terima kasih : google.com, blogger.com, Cerita Rakyat Nusantara terbitan GREISINDA PRESS, dan semua pihak yang ikut dalam pengerjaan. Saya Tegar Alwinata, Mohon Pamit. Sampai Jumpa.......
Komentar
Posting Komentar
Tolong berkata yang sopan, tidak menyinggung maupun mendiskriminasi. Dan jika melanggar, tau sendiri akibatnya!